WARA-WARA
Rikala tanggal 1 Juni 2009, ing sekolahan q dianakae acara. Acarane yaiku Launching Internet kang asesirah "MOBILE EDUCATION" kanthi nggandeng sponsor PT. Indosat Tbk, AXIOO, BPR Eka Dharma, JP Telecom, Grasindo lan liya-liyane. Acara iki dirawuhi bapak Sekkab Magetan yaiku bapak Warsito, Kepala Dinas Pendidikan Magetan bapak Bambang T, Subdin bapak Yussy Hermawan. Ora lali Muspika Kecamatan Parang, para wakil saka alumni, lan para Kepala SMP/MTS/SD/MI sekitare Parang. Pangajabe bapak Sekkab yaiku muga-muga kathi di launching internete SMA Negeri 1 Parang saged gawe gregete bocah-bocah pada ngudi ilmu pengetahuan lan teknologi masa iki kareben ora keri karo bocah-bocah ing kutha.
Tanggal 2 Juni dianakake latihan gawe blog dening Indosat lan pesertane saka guru SD/MI/SMP/MTs, ora keri para kanca guru SMA sak Kabupaten Magetan sing kepingin latihan. Murid-murid padha antusias lek kepingin gawe blog, khususe bocah bocah pang wus padha duwe laptop dhewe-dhewe.
O... iya q kelalen menawa Internete ing SMA Negeri 1 Parang iki siji-sijine sing nggunake jasa swasta yaiku saka PT. Indosat Tbk cabang Madiun. Lan sinyale bisa ketangkep udakara radius 15 km saka SMAN 1 Parang.
Lan maneh menawa Hot Spote SMAN 1 Parang on 24 jam bisa diakses karo bocah-bocah nek wis bali saka sekolah, menawa wayah ngaso murid SMAN 1 Parang padha jaduman/lungguhan ning kantin sekolah karo ngedep laptope dhewe-dhewe (90% nggunakake merk AXIOO, seneng karo produksine bangsane dhewe lho).
Kanthi semangat dina Pendidikan Nasional lan Kebangkitan Nasional kita para warga SMAN 1 Parang saiyek saeko praya murih majune SMAN 1 Parang ing jagade pendidikan ing Magetan khususe lan Indonesia umume. Dina iku uga dilaunching website yaiku www.smapa.sch.id sing isine antara liyane sawenehing aktivitase guru, murid lan kabeh warga ing SMAN 1 Parang.
Pangajabe maneh SMAN 1 Parang dina iki golek investor sing pengin gawe kolam renang ing sekolahan, supaya muride iso prestasi ing kolam renang kareben Indonesia orang kekurangan atlet-atlet sing handal. Kolam iku uga bisa digunakake masyarakat sak kiwa tengene SMAN 1 Parang - Magetan.
Muga-muga ana pihak-pihak kang nduweni minat gawe kolam renang saged nggubungi pihak sekolah utawa lumantar e-mail, mlebu ning website SMAN 1 Parang Magetan. SMAN 1 Parang uga nduwe lapangan tennis sing iso dipigunakake karo masyarakat sak kiwa tengene SMAN 1 Parang
Semene wae wara-wara saka q, muga-muga pangajabe para guru, murid, masyarakat Parang bisa kaleksanan.
Monday, June 22, 2009
Subscribe to:
Post Comments (Atom)


No comments:
Post a Comment